Kamis, 10 November 2016

Pranata Adicara Ngunduh Mantu (mudah dan sederhana)





Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh…
MUQODDIMAH……
Dumateng Ngarsanipun para sesepuh, pinisepuh, para ‘alim ulama ingkang satuhu lepdho ing pitutur, pono ing pamaos ingkan pantes kinormatan saha dipun mulyaaken dening Allah SWT. wabil khusus ing ngarsanipun Rama kiyai ……………………………………. Ingkang dipun tenggo menggah mau’idhah khasanahipun.
dumateng bapa (…………………………..) saha rombongan besan saking tlatah (…………………………..) ingkang pantes pinundhi..
Para tamu kakung sumowono potri ingkang pantes sinudharsono
Para kadang werdho mudo taruno inggkang kulo tresnani
Minanggko purwakaning atur, sumonggo kulo derekaken tansah ngunjukaken puji syukur dumateng ngarso dalem Allaah SWT ingkang paring nikmat saha rohmat demateng kulo saha panjengenan, katitik wonten ing rikalenggahan puniko kulo saha panjenengan saged kempal manunggal nuhoni punopo ingkang dados bapa (…………………………..) kanti wilujeng nir ing sambe kala.
Saklajengipun Salawatulloh wasalamuhu mugi tnsah kunjuk dumateng ngarsanipun nabi agung Muhammad SAW ingkang kulo saha panjenengan tenggo menggah syafaatipun min hadha ila yaumil kiyamah.
Para tamu kakung sumowono putri ingkang pantes sinudharsono
Sakderengipun kulo nyuwun agunging samudro pangaksomo, mbok bilihkulo cumanthoko ngadeng ing mriki, mboten sanes kulo hamung minangka sulih sariro saking pajengenipun bapa (…………………………..) kinen hangaturaken rantamaning adicara pawiwahan wonten ing pahargyan ndalu puniko.
Para tamu kakung sumowono putri ingkang pantes sinudharsono
Wondene rantamaning adicara wonten ing pahargyan ndalu piniko nuninggih;
Ingkang sepisan atur pambuko,
Kalajengaken adicara ingkang ongko kalih nuninggih waosan ayat-ayat suci Al Quran ingkang badhe dipun pratitisaken dening panjenenganipun ustad (………………………….)
Adicara ingkang ongko tigo nuninggih atur pasrah-panampi pinangantun kakung. Wondene atur pasrah saking bopo (………………………) sakmangkih badhe kasalirani dening panjenenganipun bapa (………………………..), wondene atur panampi saking bapa (…………………………..) Isakmangkih badhe kasalirani dening bapa (…………………….)
Adicara ingkang ongko sekawan nininggih sumene/istirahat
Adicara ingkang angka nem nuninggih atur pambagya raharjo saking bapa (…………………………..) dumateng para tamu ingkang sakmangkih badhe kasalirani dening panjenganipun bapa (…………)
Adi cara ingkang ongko pitu nininggih mau’idhoh hasanah ingkang insyaAllah kawedar dening panjenenganipun rama kiyai (………………………………..)
Adi cara ingkang ongko wolu nuninggih hastungkoro/Doa
Adicara ingkang pungkasan nuninggih panutup
Para tamu kakung sumowono putri ingkang dahat kinormatan.
Mekaten mengggah rantamaning adicara wonten pahargyan ri kalenggahan puniko.
Para tamu kakung sumowono putri ingkang dahat kinormatan.
Sumonggo adicara wonten ing rikalenggahan puniko dipun bikak kanti waosan suratul Fatikhah, kanti pangajap mugi pahargyan wonten ing siang puniko tansah pinayungan rahmatipun Alllah SWT. ngala hadhihinniyah wa ‘ala kulli niatin sholihah, Alfatikhah…..
Para tamu kakung sumowono putri ingkang pantes kinabehten, wondene adicara saklajengipun nuninggih waosan ayat-ayat suci Al Quran ingkang dipun pratitisaken panjenganipun ustad( ………….), dumateng panjenenganipun ustad ………. Kulo sumanggaaken, sumonggo….
Mekaten menggah waosan ayat-ayat suci Al Qur’an ingkang sampun paripurna,  mugi tansah paring kaberkahan duteng kulo saha penjenengan, langkung-langkung dumateng pinanganten sarimbit.. amin.amin alluhumma amin.
Para tamu kakung sumowono putrid ingkang pantes sinudarsono,
Adicara ingkang ongko tigo nuninggih atur pasrah-panampi pinanganten kakung, wondene atur pasrah saking bopo (……….) kasalirani dining panjenganipun bapa (…….). saha atur panampi saking Ibu (marfu’ah sekeluarga.)kasalirani dening panjenganipun bapa (………) ,
Dumateng para ingkang sampun kasebat, kulo aturi jengkar saking sasono palenggahan tumuju wonten ing sasono pangendikan… sumonggo….
(acara)
Mekaten atur pasra pinanganten putri saking bapa (……) ingkang sampun kasalirani dening panjenenganipun bapa (…….) ,, selajengipun atur panampi saking bapa (…………………………..) kasalirani dening panjenenganipun bapa (…………………..) , dumateng panjenganipun kulo semanggaaken, sumonggo….
(acara)
Para tamu kakung somowono putrid ingkang pantes kinormatan,
Adicara ingkang saklajengipun nunionggih istirahat,
Dumateng para kadang mudho taruno saha juru ladhi kulo sumanggaaken ngaturaken kewajibanipun, ((sinambi para tamu kakung sumowono putrid ngrantos juru ladhi ngaturaken kewajibanipun, adicara sakmeniko badhe dipun regengaken dening grup …………., dumateng grup …………………., kulo sumangga aken. Sumonggo…
Para tamu kakung somowono putri ingkang pantes kinormatan,
Adicara isrtirahat  dipun cekapaken semanten, kalajengaken adicoro saklajengipun nuninggih Mau’idhoh hasanah ingkang bade dipun babar dening panjenganipun almukarom room kiyai ,,,,…………… dumateng almukarom rama kiyai …………., kulo sumangga aken , sumonggo….
(acara)
Para tamu kakung somowono putri ingkang dahat kinormatan,
Mekaten menggah mau’idhoh hasanah ingkang sampun kaaturaken dening rama kiyai …….. mugi saged nambahi kaimanan saha katakwaan kulo saha panjenengan sedoyo, lamgkung-langkung dumateng pinanganten sarimbit ingkang badhe bale wismo saha bebrayan agung.
Para tamu kakung somowono putri ingkang pantes kinormatan,
Mekaten menggah lampahipun adicara wonten ing pahargyan rikalenggahan puniko sampun paripurno,  kulo minongko pranoto adicara mbokbilih anggen kulo matur kirang trapsilo sha kirang subosito  kulo nyuwun agunging samudro pangaksomo. Monggo pahargyan ing rikalenggahan puniko dipun tutup kanti waosan hamdalah.. kulo derekaken .Alhamdulillahirobbil ‘alamii,
Saking kulo cekap semanten, akhirul kalam, wassalamu’alaikum Wr Wb.
(( nyuwun sewu dumateng para tamu kakung sumowono putri kulo suwun pinarak sak wetawis, ngrantos juru ladhi ingkang badhe ngaturaken daharan dumateng para tamu))

2 komentar:

  1. kulo kumowantun jumeneng, menawi saged pun gantos ..supados mboten mbasake awk dhewe ex: kulo cumanthoko ngadeng ing mriki, hinggih awit ....

    BalasHapus
  2. Saya sangat berterimakasih atas koreksinya.

    BalasHapus

Pembelajaran dalam perjalanan pendidikan guru penggerak

Pendidikan Guru Penggerak adalah program pendidikan kepemimpinan bagi guru untuk menjadi pemimpin pembelajaran. Program ini meliputi pelatih...